Mbikak
Sejarahipun Tamansari Kraton Ngayogyakarta
Nekani
situs-situs sejarah pancen saestu saged ngawontenaken raos ingkang damel
mongkoging manah. Sanesipun kita saged rekreasi kagem ngicalaken sayah amargi
nglakoni kegiatan saben dintene, kita ugi saged sinau kaliyan ngemut-emut malih
sejarah papan kasebat. Ngayogyakarta dados salah satunggaling tujuan para
wisatawan, nggadhahi papan-papan sejarah ingkang saged panjenengan dathengi.
Salah sawijining papan inggih menika tamansari.
Tamansari
menika salah satunggaling warisan kabudayan keraton dumugi sakmeniko taksih
kajagi kelestarianipun. Tamansari dumunung ing tlatah sakkidul kraton
ngayogyakarta. Sakmeniko tamansari dados obyek wisata ingkang rame dirawuhi
para wisatawan asing utawi wisatawan domestik. Ampun malih saksampunipun
dipunpugar ndadosaken obyek wisata menika katingal katon endah.
Tamansari
dumados saking kalih tembung, nggih menika taman lan sari utawi endah. Saenggo
komplek tamansari menika saged dados satunggaling taman ingkang endah. Kangge
mlebet wewengkon tamansari menika, panjenengan saged langkung mergi wingking,
sebabipun mergi saking ngajeng sampun katutup kaliyan rengketipun griyo
penduduk. Wonten pintu gerbang sampun katingal sawetawis guide ingkang siyaga
ngantheni kagem para turis keliling (mubeng) wonten ing sedaya wewengkon
tamansari kaliyan nyeritaaken sejarahipun tamansari.
Tamansari
kabangun wonten ing pamerintahanipun Sultan Hamengkubuwana I, lan dipun
rampungaken wonten ing pamerintahan Sultan Hamengkubuwana II. Arsitek bangunan
menika saking portugis, saenggo katingal kados bangunan seni arsitektur eropa
ingkang sanget ketingal. Nanging makna simbolik jawi tetep dipun pertahanaken
lan ketingal langkung dominan.
Tamansari
menika komplek ingkang dumeder saking kolam padusan, kalen, papan khusus
kaliyan satunggal kolam ingkang ageng. Miturut sejarah papan punika kagem
padusan raja-raja ingkang kuaos, inggih menika Sultan Yogyakarta kaliyan
keluarganipun. Kajaba menika papan niki ugi dipun ginakaken kagem ngibadah, sebabipun
tamansari ugi dipun lengkapi kaliyan mushola, wonten ing bangunan bangunan
sumur gumuling. Wonten lingkungan taman wonten satunggaling lorong, ingkang
miturut cerita lorong menika lorong penghubung ingkang dumugi wonten ing pantai
parang kusumo ing parangtritis. Para raja-raja ing Jogjakarta tansah hubungan
kaliyan Ratu Pantai Selatan (Nyi Roro Kidul). Lorong menika jalur ingkang
kaginakaken kagem pepanggihan kaliyan sang ratu kidul. Dereng wonten bukti
ingkang ngiataken, ananging dumugi sakmenika lorong menika sampun dipun tutup
amargi yuswanipun sampun sepuh sanget.
Bangunan
Sumur Gumuling
Sanesipun
dipun agem pesanggrahan lan paseban, tamansari dipun agem kangge benteng
pertahanan. Tembok-tembok ingkang ngupengi tamansari katingal kuno utawi sepuh
ananging taksih kokoh. Babagan menika kanyata tasih jumeneng rikolo lindu ing
jogja tahun 2006.
Kompleks
tamansari dados sekawan perangan, sepindah inggih menika danau damelan ingkang
papanipun sisih kilen. Perangan saklajengipun inggih menika bangunan ingkang
wonten kidul danau antawisipun padusan umbul binangun. Perangan kaping tiga,
injih menika pasarean ledhok sari lan blumbang Garjitawati ingkang mapan wonten
ing sakkidulipun perangan kaping kalih. Ingkang pungkasan injih menika perangan
sisih wetan perangan sepisan lank aping kalih lan dumugi sisih wetan ngantos
kidul wetan kompleks magangsan.
KARATON NGAYOGYAKARTA HADININGRAT
Jumenengipun kasultanan ngayogyakarta
Sakderengipun
jumenengipun kasultanan ngayogyakarta, kadipaten mangkunegaran lan kadipaten
pakualaman rikala semanten naming wonten kraton kasunanan Surakarta, pindahan
saking kraton mataram kartasura. Rikala kratonipun taksih wonten ing kartasura,
wonten kedadosan geger pacina tahun 1740 dumugi 1743. Pakubuwana II mboten
kuwawa ngadepi geger menika lan namung kanthi dipun rencangi walandi milo saged
pun kawonaken. Amargi kraton kartasura nembe nandang karisakan ingkang awrat,
mila ibukota dipun pindah datheng desa solo ingkang lajeng pun sebat Surakarta.
Rikala
pemerintahan Sunan Pakubuwana II ing kraton Surakarta (1744), taksih wonten
pemberontakan ingkang pun pimpin Tumenggung Martopuro nglawan kraton Surakarta,
nanging kaliyan Pangeran Mangkubumi (adik pakubuwana II) Tumenhgungh Martapura
saget pun kawonaken.
Wonten
ing salebeting pirembagan antawisipun Pakubuwono II ingkang pun damping
Pangeran Mangkubumi ( penasehat ) kaliyan walandi ingkang pun wakili Mr. Hoo
gendorf, utusan walandi meniko nyuwun pakubuwono II supados maringaken sedaya
wewewngkon pesisir ler jawi dating VOC. Panyuwunan meniko amargi jasanipun
walandi rikala ngawonaken pemberontakan tiyang tiyang cina ing kartasura.
Pangeran Mangkubumi mboten nyarujuji panyuwunan meniko, sinaosa pirsa menawi
palenggahanipun pakubuwono angel sanget. Kawiwitan saking kawontenan meniko
pangeran mangkubumi lajeng nyuwun ijin lan donga pangestu dhumateng pakubuwono
II, kagem nglawan kompeni walandi / VOC.
Sak
sampunipun pikantuk pangestu saking pakubuwono II, kanthi pikantuk pusaka
tombak kyai Pleret, lajeng rikala 21 April 1747, pangeran mangkubumi tindak
saking kraton Surakarta dhateng wana kaliyan keluarga lan sedaya prajuritipun,
kagem gerilya nglawan VOC.
Saklebetipun ngadhepi VOC meniko
pangeran mangkubumi kaliyan RM said ( pangeran sambernyawa ingkang langkung
rumiyin nentang pakubuwano II lan VOC.
Sakderengipun
pakubuwono II seda panguwaosan sedaya wewewngkon jawi sampun pun serahaken
dhateng VOC ( 16 Desember 1769 ). Mila menika ingkang njumenengaken raja raja
ing tanah jawi keturunan pakubuwono II inggih meniko VOC. Saksampunipun
pakubuwono II seda, walandi ngangkat RM. Suryadi ( putra mahkota sunan
pakubuwono III ). Rm .Suryadi meniko kaliyan VOC pun dadosaken “ Boneka “
amargi miturut kontrak politik raja meniko naming nyuwun ngampil sitnipun VOC.
Rikala
pemerintah pakubuwono III, pangeran mangkubumi langkung ngeda edapi anggenipun
nglawan walandi. Wonten ing peperangan walandi tansah kawon deneng serangan
pangeran mangkubumi. Rikala peperangan sengit wonten ing kali bogowonto sedaya
pasukan walandi pejah. Akhiripun walandi nyuwun rembagan kaliyan pangeran
mangkubumi.
Salajengipun
kadadosan perjanjen antawisipun pangeran mangkubumi , pakubuwono III kaliyan
walandi / VOC. Perjanjian meniko dipun wonten ing dusun giyanti salatiga rikala
13 Februari 1753. Pramila kasebat perjajian Giyanti. Ndadosaken kraton mataram
dipun bagi kaleh. Injih meniko kraton kasunana Surakarta lan kraton kasultanan
ngayogjakarta.
Salajengipun
kanti wewengkon enggal meniko pangeran mangkubumi njumenengaken kraton mataram
ngayogjakarta ing Beringan rikala 1756. Lan saklajengipun pun asmani Sri Sultan
Hamengkubuwono I. Asma lengkapipun nggih meniko ngarso dalem sampeyan
dalem ingkang sinuhun kanjeng sultan
hamengkubuwono senopati ing ngalogo ngabdurrahman sayidin panata gomo
kalifatullah ingkang jumeneng kaping ing ngayogjakarta hadiningrat.
Wewengkon
Kraton Ngayogjakarta
Kraton
Ngayogjakarta dipun dening Sri sultan Hamengkubuwono I rikala taun 1756 ing
wewengkon wana beringan.Nami wana menika saklajengipun dados nami peken ing
kutha Ngayojokarto inggih punika peken Bringharjo.Ananging name istilah
Yogyakarta saking pada Yogya lan Karta. Yogya artosipun sae lan karta artinipun
makmur. Nanging pengertosan menika nedahakan bilih Ngayogyakarta saking ayu +
Bagyo + Karta dados Ngayogjakarto.
Wewengkon Kraton Ngayogjakarta saking
antawis tugu ( Wates ler lan Krapyak (wates kidul), lepen Code (wates wetan)
lan lepen Winongo(wates kilen), antawis gunung Merapi lan laut kidul.
Bangunan Tugu meniko wates ler wilayah
kraton Ngayogjakarta, ±2 km saking
kraton. Bangunan kasebat ing rikala jaman semanten awujud GOLONG GILIG. GOLONG
GILIG artosipun manunggaling kawulo gusti.
Rikala wonten lindu 1867, bangunan
menika risak awrat, saklajengipun dipun pugar dening Sri Sultan Hamengkubuwono
VII wonten ing taun 1889 ananging wujud ipun dipun ewahi kados dene ingkang
kita tingali sakmenika. Antawis tugu kaliyan Bangsal Mangungur Tangkil wonten
saklebetipun garis lempeng. Menika nggadahi artos bilih, rikala Sultan lenggah
wonten ing palenggahanipun lan mersani arah tugu mila Sri Sultan tansah kemutan
kawulanipun.
Saklajengipun antawis tugu dumugi kantor
wonten mergi utama kasebat MALIOBORO.Wonten sisih wetan mergi Malioboro wonten
Gedong Kepatihan, ingkang rikala semanten dipun agem kangge kantor Pepatih Dalem. Saklajengipun bangunan menika dipun
dadosaken kantor Gubernur Daerah Yogyakarta.Saking gerbang Kepatihan mengidul
dumugi antawisipun 10 m, wonten peken Bringharjo ingkang dados peken paling
ageng.
Ing sisih kidul peken wonten bangunan
benteng Vrederburgh ingkang artosipun benteng perdamaian. Rikala pemerintahan
Hindia Belanda, Benteng menika pun dadosaken papan kagem ndelik para residen
ingkang gladden ing Yogyakarta. Kantor Residen mapan ing sisih kilen Benteng
Vrederburg dipun sebat Gedung Agung ingkang dumugi sakmenika dados istana
kepresidenan.
Ngidul antawisipun 200 m saking gedung
Agung wonten gapuro ingkang dados pintu gerbang mlebet Kraton Ngayogjakarta.
Kraton Ngayogjakarta menika madhep ngaler, pelataranipun awujud lapangan
ingkang kasebat Alun-alun ler, ingkang rikala semanten kaginaaken kangge
nglempakaken kawula, latian perang kagem para prajurit Kraton, lan papan kagem
ngawontenaken upacara adat lan kagem sanesipun. Sakmenika Alun-alun ler dados
papan kagem upacara Grebeg lan Sekaten. Wonten sak tengahing alun-alun wonten
wit ringin ingkang dipageri tembok ingkang dipun sebat Waringin Kurung,
Waringin menika kekalihipun dipun asmani Kyai dewa Daru (sisih kilen ), kyai
Wijoyo Daru sisih wetan waringin menika dados symbol menawi wonten donya menika
wonten 2 watak ingkang benten. Ewodene wit ringin ingkang ngupengi alun-alun
ler wonten 62, lan dipun tambah 2 wit
ingkang wonten tengah, sahinggo wonten 64. Cacah menika wujud aken yuswanipun
Nabi Muhammad SAW rikala seda ( petungan taun jawi).
Wonten ing sakpinggir ipun alun-alun
menika wonten sa perangan bangunan ingkang kasebat perkabalan bentukipun joglo
cacah 19. Rikala jaman riyen kagem papan panginepan para bupati saking luar
wewengkon wekdal nglampahi tugas wonten ing kraton.
Wonten
sak kilen alun-alun ler wonten masjid agung ingkang kabangun dening Sri Sultan
HB I taun 1773. Mesjid menika ngantos
sakmenika tasih diginakaken.
Kagem
ngubungaken antawis wewengkon saklebeting beteng kaliyan wewengkon njawi beteng
kraton wonten 5 pintu gerbang ingkang kasebat plengkung, antawis ipun :
1.
Plengkung Nirbaya utawi Gading, wonten
sisan kidul
2.
Plengkung JagaBaya (Tamansari) wonten
sisih kilen
3.
Plengkung Jagasura (Ngasem), sisih kidul
kilen
4.
Plengkung Taruasura (Wijilan), wonten
sisih ler wetan
5.
Plengkung Madyasura (sisih kilen THR),
sisih wetan
Wonten
sisih kulon alun-alun wonten bangunan kangge ngingu gajah, ingkang kasebat
gajahan. Saking kraton dumugi arah ngidul ± 2km jarakipun, wonten bangunan
arupa panggung ongkang kasebat Krapyak.
BANGUNAN
– BANGUNAN ING LINGKUNGAN SALEBETING KRATON
Lingkungan ingkang dipun wiwiti
saking bagian ngajeng dumugi bagian wingking, ingkang sedayanipun kaperang
dados pitung pelataran, ingkang menika piyambak-piyambak dipun batesi dening
tembok inggil lan wonten saklebetipun wonten bangunan-bangunan sarto pinten-pinten
pintu gerbang ingkang ngubungaken antawis pelataran ingkang setunggal kaliyan
pelataran ingkang sanesipun pun sebat regol. Selaras kanthi perkembangan
ingkang dumados ing kraton, pramilo sebagian ageng bangunan kasebat
piyambak-piyambak sampun ngalami rehab. Dene pinten-pinten antawisipun sampun
pun alami alih faedah. Rehab bangunan ing kraton secoro sedayanipun dipun
wiwiti warso 1921 M rampung warso 1934 M, wanci pemerintahanipun Sri Sultan
Hamungkubuwana VIII.
Nepang name piyambak-piyambak bangunan
ingkang wonten saben-saben pelataran ing lingkungan lebet kraton, kados dene
kasebat ing ngandhap niki dipun wiwiti saking bagian ngajeng, nggih meniko :
1. Piranti
pagelaran ingkang kalebet pelataran paling ngajeng niki mapan eng siring kidul
alon;alun lor. Wonten pelataran menikio wonten pinten;pinten bangunan,
antawisipun :
a. Bangsal
pagelaran umumipun pun sebat tratag rambat, payonnipun awujud sirap kajeng. Sak
sampunipun pun rehab rikala jaman Sri Sultan Hamengkubuono VIII warso 1921
masehi, saklajengipun pun wastani Pagelaran. Rehab bangunan kasebat dipun
tengeri kanti Canda Sengkala ( Warso Jawi ) engkang mapan wonten siring
nginggil ngajeng bangsal pagelaran ungelipun” panca gana slira tunggal”,
engkang artosipun warso 1865 jawi. Dene rampungipun rehab pun tengeri kanti
surya sangkala kasebat, ungelipun” Catur Tri Sula kembang Lata”, artosipun
warso 1934 masehi. Bangunan menika dipun ginakaken kangge ngawontenaken upocoro
grebeg ingkang dipun wontenaken kaping tiga saben warso. Rikala suryo 13 maret
1946, rikala wonten Yogyakarta dipun bikak Perguruan Tinggi Gajah Mada atas
idenipun Sri Sultan Hamengkubuono IX sebagian bangunan ing kraton dipun
sambutaken kagem kegiatan kuliah ing atasipun nggih menika bangsal pagelaran
lan sitinggil, kagem papan pasinaon fakultas HESP dumugi warso 1973.
Saklajengipun kegiatan pasinaon dipun pindahaken wonten BULAK SUMUR, ingkang
ngrupekaken siti kasultanan, ingkang dipun hibahaken dumateng yayasan Perguruan
Tinggi Gajah Mada, kagem kepentingan pasinaon dumugi sakmenik
b. Bangsal
Pemandengan, dipun ginakaken kagem papan lenggah dating sultan sarto Panglima
perang rikala mriksani lampahipun latihan perang para prajuritipun. Latihan
perang niki dipun tindakaken wonten alun-alun ler. Bangsal menika jumlahipun
wonten 2 piyambak-piyambak mapan ing sisih tengen lan kiwa sejajar kaliyan
bangsal pagelaran.
c. Bangsal
Pengapit, utawi ugi pun sebat bangsal pasewakan nggih menika panggenan para
senopati perang/ Manggala Yudha ngawontenaken pepanggihan, sarto dipun
ginakaken kagem panggenan nenggo dawuh-dawuh saking Sultan. Bangsal niki wonten
setungal pasang piyambak-piyambak wonten ing sisih tengen lan kiwa bangsal
pagelaran.
d. Bangsal
Pangrawit, dipun ginakaken kagem panggenan raja nglantik patih. Saksampunipun
warso 1942 bangsal menika mboten dipun ginakaken malih. Bangunan menika mapan
wonten ing sisih tengen sak lebeting bangsal pagelaran.
e. Bangsal
Pacikeran, nggih menika panggenan jagi dateng para abdi dalem singanegara lan
abdi dalem martalutut (sebatan kagem algojo kraton ingkang kagungan tugas
paring hukuman dumateng para tahanan kraton). Dene pelaksanaanipun
eksekusinipun mapan ing alin-alun ler. Bangsal menika ginanipun dumugi warso
1926, lan saksampunipun menika mboten dipun ginakaken malih. Bangunan menika
wonten kalih, piyambak-piyambak mapan ing sisih tengen lan sisih kiwa bagian
kidul plataran pagelaran. Dene sisih kidul pagelaran ngajeng menika wonten
pagelaran ingkang susunan sitinipun langkung inggil katimbang pagelaran
sanesipun, ingkang pun sebat sitinggil, lan tasih kalebet babagan saking
pelataran ngajeng. Ing kraton Yogyakarta wonten kalih plataran sitinggil
ingkang manggen ing sisih ngajeng pun sebat sitinggil ler lan sitinggil ingkang
manggen ing bagian wingking kraton pun sebat sitinggil kidul.
f. Bangsal
Sitinggil, dipun ginakaken kagem papan penobatan raja kasultanan Yogyakarta,
lan papan dipun wontenaken upacara pasowanan agung. Dene suryo 17 Desember 1949
nate dipun ginakaken kagem pelantikan Ir. Soekarno sebagai Presiden RIS, kejawi
menika nate dipun ginakaken kangge kegiatan pasinaon sekaligus dipun ginakaken
kagem peresmian Universitas Negeri tertua wonten ing Indonesia, nggeh menika
Universitas Gadjah Mada. Bangunan menika sampun dipun rehab rikala jaman Sri
Sultan Hamengkubuono VIII kanthi dipun paring tenger candra sengkala wonten
bagian inggil ngajeng bangsal sitinggil ungelipun “Pandhita Cakra Naga Wani”
ingkang artosipun warso 1857 jawi. Ugi dipun tengeri kagem suryo sengkala
wonten sisih inggil lebet ungelipun “Gana Asia Kembang Lata”, ingkang artosipun
warso 1926 Masehi.
g. Bangsal
Manguntur Tangkil, nggih menika palenggahan raja rikala dipunwontenaken upacara
penobatan raja, lan wonten wekdal dipunwontenaken upacara pasowanan agung.
Wonten tengah bangsal menika wonten selo gilang, kagem mapanaken dampar kencana
singgasana sultan. Bangunan menika panggenanipun wonten sisih bangsal
sitinggil.
h. Bangsal
Witana, dipun ginakaken kagem mapanaken pusaka-pusaka utama kraton wekdal
menika dipun wontenaken upacara penobatan raja, lan wekdal upacara grebeg mulud
warso dal. Wonten papan wingking bangsal menika wonten condro sengkolo
ungelipun “Tinata Pirantining Madya Witana”, ingkang artosipun warso 1855.jawi
lan suryo sengkala ungelipun “ Linungit kembar Gatraning Ron “, artosipun warso
1925 Masehi, nedahaken warso rehapanipun
bangsal kasebat. Bangunan menika mapan wonten wingking bangsal manguntur
tangkil.
i.
Balbang, dipun ginakaken kagem nyimpen
kalih alat gamelan sekaten ingkang dipun ungelaken saben wulan mulud. Kalih
gamelan kasebat piyambak-piyambak naminipun kyai Guntur Madu lan Kyai Naga
Wilaga. Bangunan kasebat mapan wonten siring wetan bangsal sitinggil.
j.
Bale Angun-Angun, dipun ginakaken kagem
ngrimat pusaka tombak ingkang naminipun kajeng kyai Sura angun-Angun, bangunan
menika mapan wonten siring kilen bangsal sitinggil.
k. Bangsal
Kori, ginanipun kagem papan njagi para abdi dalem kori lan abdi dalem jaksa,
ingkang tugasipun ndumugiaken panyuwunan ampun menopo dene pengaduan rakyat
dumateng raja. Bangsal menika wonten kalih piyambak-piyambak wonten ing siring
tengen lan kiwa saking tarub agung.
l.
Tarub Agung, dipun ginakaken kagem ruang
jagi kagem tamu-tamunipun sultan, ingkang bade ngrawuhi upacara resmi wonten sitinggil, sakderengipun tamu-tamu
menika dipun tampi dening Sultan.
m. Regol
Brojonolo, nggeh menika pintu gerbang ingkang hubungaken antawisipun pelataran
sitinggil ler kaliyan pelataran kamandungan ler. Regol menika manggen ing sisih
kidul plataran sitinggil.
2. Piranti
Kemandungan Ler ingkang wujudaken bagian kekalih menika, ing saklebetipun
sanesipun wonten pinten-pinten bangunan, ugi wonten pinten-pinten wit keben,
ingkang rikala tahun 1986 pundadosaken kados dene lambing perdamaian dening
pemerintah Indonesia, kagem ngadepi hari Lingkungan Hidup Internasional.
Pramila pelataran kemandungan ler asring ugi dipun sebat pelataran keben.
Bangunan ingkang wonten mriki
antawisipun :
a. Bangsal
Ponconiti, ginanipun kangge papan siding pengadilan kraton. Wonten sisih tengah
bangsal menika wonten selo gilang kagem singgasana sultan. Bangunan menika
wonten sisih tengah palataran kemandungan ler.
b. Bangsal
Pancaosan, inggih menika papan jagi tumrap para abdi dalem keraton, ingkang
nembe nindakaken tugas ronda. Bangsal menika wonten sepasang manggen ing siring
tengen lan kiwa saking regol sri manganti.
c. Regol
Srimanganti, inggih menika pintu gerbang ingkang ngubungaken antawisipun
palataran mandungan ler kaliyan pelataran bangsal sri manganti. Bangunan menika
mapan wonten siring kidul bangsal ponconiti.
3. Piranti
Bangsal Srimanganti, ing saklebetipun wonten pinten-pinten bangunan,
antawisipun :
a. Bangsal
Srimanganti, dipun ginakaken kagem papan sultan ngrantos rawuhipun tamu-tamu
ingkang penting. Panggenan ing pelataran Sri Manganti siring kilen.
b. Bangsal
Trajumas, inggih menika papan panggenan tumrap pejabat istana ingkang tugasipun
nderekaken sultan, rikala bade ngrantosi tamu-tamu penting. Panggenanipun
wonten siring wetan bangsal srimanganti.
c. Patung
Raksasa Dwarapala, piyambak-piyambak ngasto godho lan pun sebat cingkarabala
lan balaupata. Cingkarabala manggen wonten siring wetan ngajeng regol
danapratapa lan balaupata mapan wonten siring kilen ngajeng regol danapratapa.
d. Regol
Danapratapa, inggih menika pintu gerbang ingkang ngubungaken antawis pelataran
srimanganti kaliyan pelataran bangsal kencana. Wonten siring nginggil regol
menika wonten candra sengkala ingkang ungelipun “Kaluwihaning Yakso Salira
Aji”, artosipun warso 1851 jawi. Lan suryasengkala ungelipun “ Jagad Ingasto
Neng Wiwara Dathulaya “, ingkang artosipun warso 1921 Masehi, nedahaken warso
rehapan regol kasebat. Regol menika mapan wonten siring kidul pelataran
simanganti.
4. Pelataran
Bangsal Kencana nggih menika pelataran pusat keratos dados pusat pemerintahan
wonten saklebetipun wonten pinten-pinten bangunan, antawisipun :
a. Gedhong
Purwaretna pun bangun rikala jaman pemerintahan Sri Sultan Hamengkubuono V.
Wonten pengembangan saklajengipun, bangunan menika dipun ginakaken kagem kantor
pribadi Sri Sultan Hamengkubuono IX, lan sakmenika ginanipun kagem kantor
kawedanan hageng Sri Wardana. Bangunan menika mapan wonten siring ler bangsal
kencana.
b. Gedhong
Jene (Gedhong Kuning), pun bangun rikala jaman pemerintahan Sri Sultan
Hamengkubuono II. Bangunan meniko gadhah faedah kangge palenggahan raja, dumugi
Sri Sultan Hamengkubuono IX. Kala jaman sakmenika kangge kantor pribadi Sri
Sultan Hamengkubuono X. Gedhong menika nggenipun wonten sisih ler Bangsal
Prabayeksa.
c. Bangsal
Kencana, mujudaken bangunan indening kraton ingkang fungsinipun kangge papan
palenggahan raja wonten sedintenipun, ugi nalika pun wontenaken upacara-upacara
wigati. Bangunan menika majeng pinuju ngetan, manggen wonten siring kidul
gedhong Purwo Retno.
d. Bangsal
Prabayeksa, inggih menika panggenan kagem ngrimat piranti-piranti pusaka
kraton. Saklebeting bangsal menika wonten lampu lisah naminipun Kyai Wiji,
ingkang tansah pun jagi dening abdi dalem, supados mboten pejah. Bangsal menika
wonten sakwingkingipun Bangsal Kencana.
e. Bangsal
Manis, dipun ginakaken kagem ngawontenaken pepanggihan kagem keluarga istana,
ugi rikala Sultan nembe paring daharan tamu-tamu penting. Bangsal menika wonten
sakwingkingipun bangsal kencana.
f. Keputren,
nggih menika panggenan manggen kagem putrid-putri raja ingkang dereng krama. Mapan
wonten siring kidul kilen bangsal manis.
g. Masjid
Panepen, sanesipun dipun agem kagem nindakaken ibadah sholat dumateng keluarga
istana lan para abdi dalem, ugi dipun agem kagem nindakaken acara ijab qobul
pernikahan putra-putri sultan. Mapan wonten siring kilen gedhong kuning.
h. Kraton
Kilen, nggih menika papan lenggah dumateng Sri Sultan Hamengkubuono X kaliyan
keluarganipun. Bangunan menika mapan wonten tengah kompleks ingkang dipun
kupengi dening ruangan-ruangan kanthi tembok ingkang inggil, sarto wonten
pinten-pinten pintu gerbang kagem ngubungaken kaliyan pelataran sanesipun.
Kompleks kraton kilen menika manggen wonten bagian paling kilen.
i.
Gedhong Kantor Parentah Hageng, kagem
kantor pejabat kraton, ingkang kagungan panguaos ndumugekaken dhawuh sultan
dumateng sedaya abdi dalem ingkang wonten ing kraton. Panggenanipun wonten
siring ler wetan bangsal Mandalasana.
j.
Bangsal Mandalasana, nggih menika papan
kagem korp musik kraton nalika pun gelar acara-acara penting wonten ing kraton.
Panggenanipun wonten siring ler bangsal potal.
k. Bangsal
Kotak, nggih menika panggenan kagem penari kraton, ingkang nembe nenggo giliran
pentas, rikala wonten istana dipun wontenaken acara pepanggihan ingkang penting
sanesipun. Bangsal menika wonten setunggal pasang, piyambak-piyambak manggen
wonten siring tengen lan kiwa, ngajeng bangsal kencana.
l.
Gedhong Gangsa, nggih menika papan kagem
mapakaken gangsa-gangsa kraton, sekaliyan kagem papan panggenan dipun ungelaken
gangsa kasebat, nalika wanci wonten kraton nembe dipun wontenaken acara-acara
ingkang sifatipun gumathok. Bangunan menika manggen wonten pelataran bangsal
kencana siring wetan.
m. Kasatriyan,
nggih menika panggenan kangge putra-putra sultan ingkang dereng krama.
Papanipun wonten siring wetan gedhong Gangsa.
n. Gedhong
Kaca, nggih menika bangunan enggal ingkang ginanipun kangge museum sri sultan
Hamengku Buono IX. Mujudaken museum khusus ingkang nyimpen piranti-piranti
bersejarah peninggalanipun Sri Sultan Hamengkubuono IX. Manggen wonten siring
wetan gedhong Danar Tapura.
o. Gedhong
Danartapura, ginanipun kados dene kantor bendahara kraton. Bangunan menika
wonten siring wetan gedhong Patehan.
p. Gedhong
Patehan, nggih menika panggenan kagem para abdi dalem kraton ingkang tugasipun
ndamel unjukan kagem keluarga raja. Panggenanipun wonten samping kilen gedhong
Danartapura.
q. Regol
Kemagangan, nggih menika pintu gerbang ingkang ngubungaken antawisipun
pelataran bangsal kencana kaliyan pelataran kemagangan. Panggenanipun wonten
siring kilen gedhung patehan.
5. Pelataran
Kemagangan mujudaken pelataran bagian wingking saking pusat kraton, ingkang
lebetipun wonten pinten-pinten bangunan, antawisipun :
a. Bangsal
Kemagangan, nggih menika panggenan kagem ngawontenaken acara bedhol songsong.
Acara kasebat ngrupekaken pergelaran wayang kulit sedalu nutuk, kaliyan dipun
sekseni dening sultan ingkang lenggah wonten nginggil selogilang wonten bagian
tengah bangunan menika. Pagelaran wayang kulit menika biasanipun dhalangipun
inggih menika lulusan saking sekolah dhalang kraton. Acara bedhol songsong
menika dipun wontenaken wonten akhir saben acara ritual kagem acara penutup.
Bangsal menika panggenanipun wonten siring kidul regol kemagangan.
b. Panti
Pareden, nggih menika bangunan ingkang dipun ginakaken dening para abdi dalem
ingkang tugasipun damel gunungan sekaten. Sakderengipun damel gunungan, dipun
rumiyini kanthi upacara tumplak wajik wonten pawon ageng bangsal keagangan
kasebat dipun pimpin dening nyai lurah Kebuli lan nyai lurah Sekulangen, kagem
wiwitan pedamelan gunungan secara resmi. Bangunan menika wonten setunggal
pasang, piyambak-piyambak mapan wonten pojok siring kidul wetan lan pojok
siring ler kilen gangsal kemagangan.
c. Regol
Gadungmelati, nggih menika pintu gerbang ingkang ngubungaken antawisipun
pelataran kemagangan kaliyan pelataran kemandungan kidul. Bagian ngajeng regol
menika wonten tembok batas, ingkang nginggilipun wonten kalih buah patung naga
sami ungkur-ungkuran, lan kalih buntutipun sami ngubet. Kalih patung naga
menika nggambaraken candra sengkala ingkang ungelipun “ Dwi Naga Rasa Tunggal
“, artosipun warsa 1682 Jawi. Regol menika mapan wonten sak kidulipun pelataran
kemagangan.
6. Pelataran
Kemandungan Kidul, nggih menika bagian ingkang ongko enem. Wonten pelataran
menika wonten bangunan, nggih menika :
a. Bangsal
kemandungan, mapan wonten tengah pelataran kemandungan kidul.
b. Bangsal
pacaosan, nggih menika papan jagi kagem para abdi dalem kraton, ingkang nembe
ngayahi tugas ronda. Bangunan alit menika wonten setunggal pasang,
piyambak-piyambak panggenanipun wonten siring tengen lan kiwa, bagian ler
pelataran kemandungan kidul.
c. Regol
kemandungan, nggih menika pintu gerbang ingkang ngubungaken antawis pelataran
kemandungan kidul kaliyan pelataran sithinggil kidul. Regol menika mapan wonten
bagian kidul pelataran kemandungan kidul.
7. Pelataran
Sithinggil Kidul mujudaken bagian pungkasan saking cacah pitu pelataran ingkang
manggen wonten kukuban saklebeting kraton. Bangunan ingkang mapan wonten mriki
nggih menika :
a. Bangsal
Sasana Hinggil, sampun dipun rehab rikala pemerintahanipun Sri Sultan Hamengku
Buono IX warsa 1956, saklebeting acara pepengetan 200 warsa jumenengipun kraton
Yogyakarta. Sak sampunipun pun rehab saklajengipun dipun sebat gedung sasana
hinggil dwi abad. Bangunan menika majeng ngidul, manggen wonten siring ler
alun-alun kidul.
RAJA-RAJA KASULTANAN YOGYAKARTA
A.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO I
Asma
alit : Bendara Raden
Mas Sujono
Suryo
mijil : 4 Agustus 1717
Malem rebo pon, 26 Ruwah Wawu 1641
Minggah
pangkat : 13 Februari 1755
Kamis pon, 29 Jumadilawal Be 1680
Seda : 24 Maret 1792
Malam Ahad Kliwon, 1 Ruwah Je 1718
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Suwargan
Permaisuri
wonten 2 :
1. Gusti
Kanjeng Ratu Kencana, putri saking Bendara Pangeran Haryo Diponegoro
( putra Susuhunan Paku Buono I), wonten
Madiun.
2. Gusti
Kanjeng Ratu Kadipaten, lajeng dados Gusti Kanjeng Ratu Hageng, lenggah wonten
Tegalrejo, saklajengipun pikantuk sebatan Gusti Kanjeng Ratu Tegalrejo, putri
dene Kyai/ Nyai Hageng Drepoyudo ingkang dipunsareaken wonten Majanjati, Sragen
kaliyan Kuncen Yogyakarta.
Sedaya permaisuri cacahipun 25
tiyang, cacah putra-putri almarhumah sedayanipun 32 tiyang.
Ingkang nggantosaken nggih menika
GRM Sundoro putra kaping 5 (putra ingkang ageng piyambak GKR Kadipaten). Putra
dene garwa selir Bray, Srenggono ingkang asmanipun BPH Notokusumo lajeng dipun
dadosaken KGPAA.A. Paku Alam I dene warsa 1813 M.
B.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO II
Asma
: Gusti Raden
Mas Sundoro
Suryo
mijil : 7 Maret 1750
Malem setu legi, 28 Rabiul Awal 1675
Minggah
pangkat : 2 April 1792
Senen pon, 9 Ruwah Je 1718
Tindak
Mancanegara : 28 Juni 1812
Setu legi, 9 Jumadilakhir Alip 1739
Kundur : 17 Agustus 1828
Rebo legi, 18 Sapar Jimakir 1754
Seda : 3 Januari 1828
Malam Kamis Legi, 15 Jumadilakhir Alip 1755
Pasareyan : Pasareyan Dalem Astana
Kotagede.
Permaisuri
wonten 4 :
1. Gusti
Kanjeng Ratu Kedhaton putri Kanjeng Raden Tumenggung Purwodiningrat, Bupati
Magetan.
2. Gusti
Kanjeng Ratu Hemas, putri Gusti Kanjeng Ratu Alit (Putri saking Susuhunan Paku
Buono II) kaliyan Kanjeng Pangeran Harya Pakuningrat.
3. Gusti
Kanjeng Ratu Kencana Wulan, putri dene Ki Bener, sederek saking Mas Tumenggung
Sindurejo, Trah Dipati Narangkusumo.
4. Gusti
Kanjeng Ratu Sultan, putri Kanjeng Raden Tumenggung Resogoto, Bupati Sukowati.
Sedaya istri kaliyan permaisuri
cacahipun 25 tiyang, cacah putra-putri almarhumah sedayanipun 80 tiyang.
Ingkang nggantosaken nggih menika GRM. Surojo, putra kaping gangsal, putra
ageng piyambak saking permaisuri GKR Kedhaton.
C.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO III
Asma alit :
Gusti Raden Mas Surojo
Suryo
mijil : 20 Februari 1769
Malem rebo kliwon, 18 Syawal Dal 1694
Minggah
pangkat : 12 Juni 1812
Ahad Paing, 10 Jumadilahir Alip 1739
Seda : 3 November 1814
Malam Kamis Pahing, 19 Dulkaidah Jimawal 1741
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Suwargan.
Permaisuri
wonten 3 :
1. Gusti
Kanjeng Ratu Kencana, ingkang kagungan sebatan Gusti Kanjeng Ratu Hageng,
putrid saking Bendara Raden Ayu Sosrodiningrat (Putri Sri Sultan Hamengkubuono
I).
2. Gusti
Kanjeng Ratu Hemas, putrid saking Raden Rangga Prawiradirja I, wonten Madiun.
Mboten kagungan putra.
3. Gusti
Kanjeng Ratu Wandhan.
Sedaya istri kaliyan permaisuri
cacahipun 25 tiyang, cacah putra-putri almarhumah sedayanipun 32 tiyang. 2
permaisurinipun mboten saget paring keturunan, nggih menika GKR. Hemas kaliyan
GKR wandhan. Ingkang nggantosaken GRM. Ibnu Jarot putra kaping 18 putra alit
piyambak saking GKR. Hageng.
D.
SRI SULTAN HAMENGKUBUONO IV
Asma
alit : Gusti Raden Mas
Ibnu Jarot
Suryo
mijil : 3 April 1804
Selasa Kliwon, 22 Besar Jimakir 1730
Minggah
pangkat : 10 November 1814
Kamis wage, 20 Dulkaidah Jimawal 1741
Seda : 6 Desember 1823
Jum’at Pahing, 22 Rabiul Awal Je 1750
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Besiyaran
Permaisuri
wonten 1 :
1. Gusti
Kanjeng Ratu Kencono, ingkang kasebat Gusti Kanjeng Ratu Hageng, putrid saking
Raden Adipati Danurejo II (Pepatih Dalem wonten Kraton Yogyakarta).
Sedaya garwo kaliyan permaisuri
wonten 9 tiyang, cacah putra-putri almarhumah sedayanipun 18 tiyang. Ingkang
nggantosaken nggih menika GRM. Gathot Menol, putra kaping enem (putra kaping
kalih saking GKR Kencana). Putra kaping setunggal inggih kakung, ananging seda
rikala uswanipun 108 dinten.
E.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO V
Asma
alit : Gusti Raden Mas
Gathot Menol
Suryo
mijil : 24 Januari 1820
Senen Kliwon, 7 Rabiul Akir Alip 1747
Minggah
pangkat : 19 Desember 1823
Kamis kliwon, 29 rabiul akir Je 1750
Seda : 5 Juni 1988
Selasa Legi, 20 Siyam Dal 1783
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Besiyaran.
Permaisuri
wonten 2 :
1. Gusti
Kanjeng Ratu Kencono, putrid Gusti Kanjeng Ratu Anom (putri Sri Sultan Hamengku
Buono II) kaliyan Kanjeng Pangeran Harya Purwonegoro.
2. Gusti
Kanjeng Ratu Kadhaton, putrid Bendara Pangeran Harya Suryoningalogo (putra Sri
Sultan Hamengku Buono III).
Sedaya garwa kaliyan permaisuri
cacahipun 5 tiyang, cacah putra-putri almarhumah sedayanipun 9 tiyang. Ingkang
nggantosaken nggih menika GRM. Mustojo nggih menika rayinipun Sri Sultan HB V.
F.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO VI
Asma
alit : Gusti Raden Mas
Mustojo
Suryo
mijil : 10 Agustus 1821
Ahad Pon, 21 Dulkaidah Ehe 1748
Minggah
pangkat : 5 Juli 1855
Kamis legi, 20 Syawal Dal 1783
Seda : 20 Juli 1877
Jum’at Pahing, 9 Rejeb Je 1806
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Besiyaran.
Permaisuri
wonten 2 :
1. Gusti
Kanjeng Ratu Kencono, ingkang kasebat Gusti Kanjeng Ratu Hamengku Bowono, putri
saking Susuhunan Paku Buwono VIII wonten Surakarta.
2. Gusti
Kanjeng Ratu Sultan, ingkang kasebat Gusti Kanjeng Ratu Hageng, putrid saking
Kyai/ Nyai Hageng Prawirorejoso ingkang dipunsarekaken wonten Gunung Pengklik
Payak Yogyakarta.
Sedaya garwa kaliyan permaisuri
cacahipun 10 tiyang, cacah putra-putri almarhumah sedayanipun 23 tiyang.
Ingkang nggantosaken GRM. Murtejo putra paling ageng (putra sulung saking
permaisuri GKR. Sultan).
G.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO VII
Asma
alit : Gusti Raden Mas
Murtejo
Suryo
mijil : 4 Februari 1839
Senen Legi, 20 Dulkaidah Je 1766
Minggah
pangkat : 13 Agustus 1877
Senen Legi, 3 Ruwah Je 1806
Mandhap
pangkat : 29 Januari 1921
: Sabtu
Kliwon, 18 Jumadilawal Alip 1851
Wonten
Ambarukmo: 30 Januari 1921
Ahad Legi, 20 Jumadilawal Alip 1851
Seda : 30 Desember 1921
Malam Jum’at Kliwon, 29 Rabiulakir Ehe 1851
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Saptarengga
Permaisuri
wonten 3 :
1. Gusti
Kanjeng Ratu Kencono, lajeng dipunasingaken, lajeng dipun sebat Gusti Kanjeng
Ratu Wandhan, putri saking Raden Ali Basah Abdulmustopo Senthot Prawirodirjo.
2. Gusti
Kanjeng Ratu Hemas, lajeng kasebat Gusti Kanjeng Ratu Hageng,manggen wonten
Tegalrejo, lajeng kasebat Gusti Kanjeng Ratu Tegalrejo, putri saking Kanjeng
Raden Tumenggung Joyodipuro.
3. Gusti
Kanjeng Ratu Kencono, putri saking Bendara Pangeran Harya Hadinegoro (Putra
Sultan Hamengku Buono II).
H.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO VIII
Asma
alit : Gusti Raden Mas
Sujadi
Suryo
mijil : 3 Maret 1880
Rebo Wage, 21 Rabiul Awal Wawu 1809
Minggah
pangkat : 8 Februari 1921
Selasa Kliwon, 29 Jumadilawal Alip 1851
Seda : 22 Oktober 1939
Ahad Kliwon, 9 Siyam Je 1870
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Saptarengga.
Permaisuri
wonten 1 :
Kanjeng
Raden Ayu Adipati Anom Hamengkunegoro, putri saking Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Mangkubumi (Putra Sri Sultan Hamengku Buono VI).
Sedaya
garwa kaliyan permaisuri wonten 8 tiyang, cacah putra-putri almarhumah
sedayanipun 41 tiyang. Ingkang nggantosaken nggih menika GRM. Dorojatun
satunggaling putra saking permaisuri.
I.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO IX
Asma
alit : Gusti Raden Mas
Dorojatun
Suryo
mijil : 12 April 1912
Malem sabtu pahing, 25 Rabiul Akir Jimakir
1842
Minggah
pangkat : 18 Maret 1940
Senen pon, 8 Sapar 1871
Seda : 3 Oktober 1988
Senen Wage, 21 Sapar Wawu 1921 ( wonten
Washington DC,
Amerika
Serikat ).
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Saptarengga.
Permaisuri
mboten kagungan, selir wonten gangsal :
1. Kanjeng
Raden Ayu Pintoko Purnomo Hamengku Buono IX, putri saking RB. Suryo Kusumo
(cicit saking Sultan Hamengku Buono VI).
2. Kanjeng
Raden Ayu Widyaningrum Hamengku Buono IX, putri saking RW. Purwowinoto (cicit
saking Sultan Hamengku Buono III).
3. Kanjeng
Raden Ayu Hastungkoro Hamengku Buono IX, putrid saking Raden Panji
Trusthojumeno ( cicit saking Sultan Hamengku Buono VII).
4. Kanjeng
Raden Ayu Ciptomurti Hamengku Buono IX, putri sakung KPH/ Bendara Raden Ayu
Brongtodiningrat (wayah Sultan Hamengku Buono VII).
5. Kanjeng
Raden Ayu Norma Nindya Kirana Hamengku Buono IX, putri saking mentok, Bangka,
Sumatera Selatan.
Sedaya putra-putri almarhumah
wonten 22 tiyang. Ingkang nggantosaken nggih menika BRM. Herjuno Darpito putra
kaping gangsal, putra nomer kalih saking Garwa Ampeyan KRAy. Widyaningrum
Hamengku Buono IX.
J.
SRI SULTAN HAMENGKU BUONO X.
Asma
alit : Bendara Raden
Mas Herjuno Darpito
Suryo
mijil : 2 April 1946
Selasa Wage
Minggah
pangkat : 7 Maret 1989
Selasa Wage, 29 Rejeb Wawu 1921, 30 Rajab 1409
Hijriyah
Seda : 20 Juli 1877
Jum’at Pahing, 9 Rejeb Je 1806
Pasareyan : Pasareyan Pajimatan
Imogiri, Kadhaton Besiyaran
Permaisuri
wonten 1 :
Bendara
Raden Ayu Tatik Mangkubumi (lahir 31 Oktober 1952), lajeng dipundadosaken
permaisuri ingkang kasebat Gusti Kanjeng Ratu Hemas, putri saking kolonel
(purnawirawan) R. Supono Digdosastropranoto (almarhum).
Mboten
kagungan garwo selir.
Putradalem
Sri Sultan Hamengku Buwono X wonten gangsal, sedayanipun estri. Rikala surya 3
oktober 1998 dipundadosaken Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta, periode surya
1998 dumugi 2003.